Laman

Senin, 12 Juli 2010

Guyon Gus No Wayang Ndugal Dalam Lakon :

Beras Wewe

"Celeng...kucing..pitik..babi...wirog....wedus gudigen....."kang Gareng ngamuk sak porete
Embuh..awan-awan kuwi anak lanange Rama Semar koyo wong kesambet oyot memang ning pinggir kali.
Tangene sing ceko karo ngeplaki endase dewe.
Sirahe krasa lara,terus njujug warunge yu Limbuk sing ana pinggir ndeso Genengrejo.
"Ana apa to kang sajake kok ora kepenak atine..??"takone yu Limbuk karo nguleg sambel sing dicampuri trasi cap kelek kecut.
"Lha piye...wayah bocah mlebu sekolah,duwik ora nyekel,kanca-kancaku tak utangi pada ora menehi padahal yo nembe nampa gaji 13.Durung maneh mlebu sekolah kudu urunan duwit sumbangan pengembangan institusi,apa waduke ora lara to yu...yo dipikir,"kandhane Gareng mbuka omongan.
"Sing sabar kang,kabeh mau wis diniati,yo kudu ditekati,mulane duwe anak aja akeh-akeh,"semaure Limbuk karo cocote nguntal gedang goreng sing wis mambu.
"Akeh bocah akeh rejeki yu....awakku lemes sedina bojku ora ngliwet,"kandhane Gareng
"Lha kena apa kok ora ngliwet to kang Gareng sing baguse kaya Ariel,"semaure Limbuk karo ngguyoni tanggane sing nembe ksesusahan.
"Entuk jatah beras miskin wae kok ambune ora enak,atos,malah ora resik,malah bojku kandha yen beras kuwi jare beras wewe.."critane Gareng.
"Beras Wewe piye to kang,yen omong sing genah..ora mudeng aku,"pitakone yu Limbuk karo ngunjuake kotange sing wis letheg gupak angus pawon.
"Lha piye...sing jenenge weden wewe kuwi lak yo prengus,pesing,ambune ora enak,akeh mrutune,ireng ora kopenan,kaya beras sing dibagi-bagi kae ana negara wayang.Jelas bojku kandha yen kuwi beras wewe,"Gareng njelasna karo nyiduk sega ana cething.

"Yen ngerti ana beras kaya mengkana yo kudu dibalikake nang balai desa,aja diuntal kang mundak gorokanmu rompal.Mestine petugase ora teges kuwi.Mengko dilaporna nang bendhoro wae.Aku sing laporan kang.Rakyat cilik wis mangane pahit,ora entuk gaji 13,diwenehi bantuan beras wae kok beras wewe.Doboooollll...yen pelu diukumake wae,"gertake Limbuk koyo aktivis pantura.
"Yen kowe sepakat,mengko bareng-bareng ngadep bendhoro ana kadipaten,aku tak njukuk contone disik,kanggo bukti,mengko diarani nggolek-golek.Dasar beras wewe...gawe wong cilik gelo atine,"gremenge Gareng.
Limbuk mlebu kamar,arep salin busana kang endah sulistya warna ngancani kang Gareng sing nembe njupuk conto berase.*****