Laman

Senin, 05 Juli 2010

Guyon Gus No Wayang Ndugal Dalam Lakon :

Arep Pensiun,Pejabate Nglokro

Lapor Mo......!!!!!
"Ada oknum pejabat kepala kantor "Plesir"yang kurang gairah dalam bekerja,soale sudah akan pensiun beberapa bulan lagi..bahkan terkesan nglokro "kandhane kang Gareng karo ngadep Romo Semar nganggo bahasa melayu kuno.
"Walah...kok nganggo bahasa melayu barang to ngger..ngganggo basa Jowo kan keno to le..leee...."jawabe Semar.
"Inggih Mo...kulo pas dolan wonten kantore lha kok ngomonge kados ngoten,jarene nggih kurang 3 sasi mpun tuntas.Sekecanipun pripin Mo...."pitakone kang Gareng.
Karo ngrugoake dawuhe Rama Semar,tangane Gareng grayangan ana lodong isi kacang atom sing rasane rada sengir amarga wis sewulan iki ora ana pejabat sing dolan ning padepokane Rama Semar ana dusun Genegrejo,negari Tawangsari.
"Yo wis ben to le...yen ana pejabat sing aras-arsen nyambut gawe,kuwi jenenge mengkhianati amante rakyat.Nalika ana fee proyek yo mripate ijo..ning pada ssat ora ana apa-apa mung merem,bisu kaya bekecot.Pejabat sing kaya menkono kudu dilebokaake kothak terus dibungkus kerdus.
Yen ngono kae adimu lanang,Bagong undang mrena tak kandanane,"printahe Rama Semar.
Gareng langsung mencolot soko amben gedeg sing arep ambrol,ora let sedelok Bagong teka karo sarungan sing diubet-ubetno,kayane Bagong ora kober sempakan amarga kang Gareng ngundang karo setengah meden-medeni.
"Wonten dawuh Mo...kulo nembe SMS-SMS san kalih wewe PK Kaliuntu.."jawabe Bagong karo nyedaki Romo Semar.
"Iki ana layang sitik,aturke bendhoro ana Kadipaten,aja lali njaluk tanda terima karo ajudane yo kanggo tanda yen awakmu wis tekan kono,"semaure Romo Semar.
"Napa niki isine Mo.....kok ngangge surat-suratan...apa Rama arep rabi malih kalih PK saking kutho kilen..?pitakone Bagong sok sembrono.
"Kowe iku sing diurusi mung PK-PK,wewe-wewe wae,nyambut gawe aras-arasen,gajian njaluke utuh,ora gelem sodaqoh,ora gelem mbantu anak yatim piatu,ora gelem mbantu mushola,terus yen kowe pensiun piye le...arep mbalik ning masyarakat,"pituture Semar.
"Terus kula diwenei duwit bensin napa mboten Mo....jaman modern seperti ini semua perintah tanpa bensin yo muspra ora tekan enggon Mo...yen printahe aba yo wangsulane abab,"jawabe Gareng.
"Iki ana duwit mung seperak...gelem to...kono kanggotuku bensin,"kandahane Semar karo ngulongake duwit recehan.
"Ora pejabat,ora wong mlarat,ora wewe ora PK kabeh doyan duwit..kabeh mata duitan...waduke njebluk pekara duwit,kedanan wedokan yo tetep golek duit,"kang Gareng nggremeng ngedumel.
"Kowe kuwi kok ndrememeng ana apa to Reng ?"pitakone Semar
"Kula butuh arta kangge nggolek PK mangke dalu Mo...."kandhane Gareng.
"Kowe yen seneng bocah wadon aja PK aja Wewe..ngrusak uripmu,tukang ngemos,saiki kowe diundang papah....sok mben yen kowe mlarat ra duwe angpo arep diundang monyet,kethek,kere blarutan,wis dilereni seneng-seneg ana tempat-tempat kaya mengkono,yen hiburan yo sekedar wae,ora usah macem-macem.Iki duwit sisa adol mbako wingi...yo mung selawe ewu...dicukup-cukupna yo,"jawabe Semar karo mlaku menyang kamar arep ndelok video singkek bithen (kung-fu).
"Suuuukkkkk...duwit selawe tekan endi...mlebu room karaoke sejam 60,nyawe PK 50...wis timbang angel mlebu Kali Gigi wae aman...iso sak ndassss...."kang Gareng nggremeng karo rada misuh-misuh.****