Laman

Selasa, 23 Oktober 2012

Guyon Gus No Wayang Ndugal Dalam Lakon : Kedanan “Wewe”,Bojo Njaluk Pegat

Warunge yu Limbuk awan kuwi rada akeh sing nongkrong,ana sing lagi ngopi lelet ana sing njaluk bakwan anget-anget.
Ana-ana wae apa sing diomongke ning sajroning warung cilik kang iyup-iyupane saka godong welit.Pancene wong akeh yo saka isyu ngadeke pabrik semen sing tanahe arep dituku rega duwur,pembebasan wit uga pengganti lahan.

Bagong sing uripe pas-pasan dina iku lagi ra duwe duwit,sakjane yu arep utang karo yu Limbuk,nanging rada isin sebab utange tumpuk undung,dilalah dompete bojone sing gambare asu ngising dibukak ana duwite kertas  gambar kethek.
Bagong ita-itu koyo Sidin,koyo pinter pintero dewe njagong nek dingklik dawa karo crita-crita sing sumber beritane ora jelas.
“DPR Wayang saiki enak uripe,lha piye kunkar kunker wae nanging ora jelas apa hasile kanggo rakyat,duit rakyat kok kanggo seneng-seneng thok,”kandhane Bagong.
Yu Cangik simake Limbuk ora tahan ngrungokake ocehane Bagong,sebab disaring-saring rada sengak manaspa kuping.
“Yen kowe iri yo kana kowe nyalon DPR leh Gong,banda a era duwe kok kok sok reformis,utange nek warung iku lho ditotal terus disauri”semaure yu Cangik.
Bagong mung njibleg meneng ora cemuwit  krungu ocehane yu Cangik sing langsung nyemes deweke.
Ora let suwe teka Min Grumpung,diarani Min Grumpung sebab irunge growing untune ketok mecingis karo suarane rada bindeng.
“Aku klungu bojone wong wong DPL wayang pada pegatan,jarene yo pada kedanan “wewe” to kang”pitakone Min Grumpung marang kang Bagong.
Bagong meneng sedelok,udut mbako sing neng jepitan tangane dibuwak…
“Ora urus aku lik Min….arep pegatan…arep demenen ora urus….wong jaman saiki dewe koyo mbiyen,jaman saiki dadi DPR kuwi gampang,yen duwe duwit iso tuku swara terus iso dadi.Lha nalika dadi DPR kuat godane apa ora?ana goda korupsi,gada jabatan,goda wedokan?Akeh-akehe yo goda wedokan.Ning njero kafe nyanyi-nyanyi karo elus-elus sempol,karo disayang-sayang.Terus PK ne njaluk duwik.Lha pie wong wis digrayangi kok ora diwenei duit…bandane sopo..???jawabe Bagong.
Min Grumpung domblong ngrungoake critane Bagong sing jlentrehake kanthi gamblang.
“Mulane wingi kanca-kanca pada dolan nek kantor DPR wayang mung diwenei cekekan thok karo ngombe es the,duwite pada ora metu?Mungkin diwenehna demenane utawa PK ne,rasa eman-eman isih duwe….pancen wuasuuuuuukkkk tenan kok kang,”grundele Min Grumpung.
Petruk kang nembe istrirahat saka sawah langsung njujug nek warunge Limbuk karo ambyuk omongan.
“Wis gak usah bingung…yen para wakil rakyat pada ngajari ora bener..pada korupsi,pada demenen,pada karaokenan,kae ana prawan kaset sing urung tau mambu wong lanang,demenana..mesti geleme,”kandane Petruk..
“Sopo kang…?????” pitakone Bagong karo Min Grumpung sing arep bareng
“Kae yu Limbuk lak iso…bokonge nyedot-nyedot..susune kewer-kewer..pupune lus mulus broooo,”semure Petruk.
Yu limbuk sing krungu jenenge disebut sebut Petruk,ngadeg jenjet karo nyincing jarik kummel.
“Ndasmu…..ndasmu amoh…..wong apik-apik mok gapah koyo lonte…..wuasuuuukkkkk,”gembore Limbuk.
Petruk,Bagong dan Min Grumpung pada mlayu metu saka warung.