Laman

Rabu, 20 April 2011

Guyon Gusno Wayang Ndugal Dalam Lakon :Pengen Dadi Bupati,Togog Golek Dukun

Langite Sangsaya mendung peteng,katone udane arep pada tumiba saka langit.
Negari Sumbul Makmur sedela maneh arep ana pilihan bupati lan wakile kanggo ngisi kekosongan kursi bendara.

Ana pirang-pirang calon bupati lan wakile sing arep ngrayah "kursi"kraton lan pirang-pirang partai sing ngusung calon.
Gendera,umbul-umbul wis pada dipasang kiwa tengen ndalan,uga akeh gambar calon sing rupane bagus ana uga sing rupane ayu.
Gambar partai uga dipasang nang posko-posko kemenangan awit saka desa sampe nang kutha.
Ana partai gambar Celeng,gambar Curut,Gambar Wewe Gombel,gambar Kethek,gambar wong edan lan sak piturute.
Ana satunggale desa kang aran Karangkadempel,padepokane Semar,Gareng,Petruk,Bagong uga katon rame menungso.
Mburi padepokane kyai Badranaya ya Rama Semar ana warung cilik ning seringe kanggo nguping para bebotoh utawa wong pada totohan.

"Mampir mas,mumpung gedang gorenge anget,"tawane yu Limbuk karo mesem katon untune sing gudale kandal amarga arang-arang sikatan.
Gareng karo Bagong langsung mlebu linggih dingklik dawa.
"Aku pesen kopi yu..ning gulane sitik wae,"penjaluke Gareng karo yu Limbuk.
"Dongaren kok gulane sitik,apa ora kleru,"takone Limbuk karo ngencengake tali kotange sing kewer-kewer.
"Yo...iki mono aku melu tirakat,amarga aku duwe bendara sing arep nyalon bupati nang Negara Sumbul Makmur,nanging sing pada teka ana umahe calon,pendukung pada gragas.
"Nggragase piye to kang Gareng,"takone Limbuk kepengin ngerti kahanan.
"Jawab Gong..dijelasna,"prentahe Gareng karo nyambi udut ting we (nglinting dewe)
"Emboh yu...jaman sakiki ngengoni uwong urip iki angel kabeh,wis dijaluki duwit isih njaluk kaos,wis diwenehi ish njaluk liyane.Yen ora diwenehi malah ngumbar swara kang neko-neko,"jlentrehe Bagong.
"Mending ngengone asu po kang,"pitakone Limbuk karo omongane rada sengak sitik
"Kewan kang arane asu kuwi yen wis dipakani pirang-pirang tahun yo mesti anut karo bendarane,ora bakal nguntal utawa nyokot sing ngengoni,nannging yen menungso wis diwenei pangkat kedudukan,isih kurang trima,malah ndukung wong liyo sing ora tau nyekeki,"kandhane Bagong.
Yu Cangik sing krungu omongane Gareng karo Bagong melu urun rembug.
"Mulane jaman sakiki,calon bupati,lurag,gubernur,presiden kuwi kudu duwe duwit sing akeh.Rakyat kuwi penjaluke pirang-pirang ora mung duwit thok.Kanggo njagani pilihan bupati,mulane Togog jam-jam iki kabare golek dukun sing elmune sekti,supaya bisa ngrayu donatur sing arep mbayari kaos,stiker,lan dan kampanye.Togog kuwi pinter,"jlentrehe yu Cangik sing pipine wis kempot amarga rondo suwi ora tau diambah wong lanang.
"Maksude pinter piye,Togog kuwi yu,"pitakone Gareng karo nguntal tape goreng.
"Togog arep nyalon bupati ora duwe bondho,yen perlu digunakan siasat mbodoni pendukung,yen menang arep tak wenei proyek,yen menang arep tak sauri utange karo nambahi bunga,yen menang tak wenei umah,yen menang tak gawekke pabrik..lan sak piturute.Pokoke nganggo ukara ten menang,mulane ora mung simpatisan thok sing dibodoni,dukun wae iso dibodoni,"jawabe Cangik.
"Oalaaaahhhh....Togog kuwi muride Sengkuni..yo mesti pinter ngapusi.Dukun kok diandal andelke...apa pada ora wedi dosa?Apa ora wedi jagade bakal kuwalik?Mulane milih bupati kuwi sing pinter,teges lan bisa nentremake negari,"kandhane Bagong.
Rama Semar sing arep lunga mushola ndadak mampir warunge yu Limbuk.
"Ayo pada sholat disik,ora kena ngrasani calon bupati sing elek-elek,yen perlu didongakna kabeh men bisa tentrem negarane.Soal dukun soal provokasi soal mojok-mojokna iku mung politik.Ora usah digubris.Wis sing penting sholat disik.Nandur Becik Bakale Tukul Becik,Nandur Ala Bakale Ngunduh Ala.Wong Arep nyalon bupati kok malah njaluk pitulung dukun..lha piye mengkone ...?????"kata Rama Semar.