Laman

Kamis, 01 Juli 2010

Guyon Gus No Wayang Ndugal Dalam Lakon :

Cafe Tutup,PK Adol Cawet

 
Kang Gareng kentekan duit,arep tuku udut ora duwe duit,dadi calo proyek nembe liren sebab anggaran perubahan negara wayang durung digedog karo Dewan Perwakilan Rakyat Wayang (DPRW).
Mulane ulate katon peteng,apa maneh anake arep mlebu SMOU (Sekolah Mbayare Ora Umum),durung tuku seragam sekolah,tas,kaos kaki,uga buku-buku tulise.
Sikile mlaku sak mlaku mlakune jujug warunge Yu Limbuk,niate arep utang udut mbako karo ngopi lelet.Nanging yu Limbuk ora ana ning warung,sing ana mung mak Cangik sing ambune rada pesing.
"Mak gaweke wedang kopi karo njaluk rokok setengah bungkus wae,"kandhane Gareng karo sedikit mesem.
Mak Cangik sing atine dina kuwi seneng malah nawani yen utang sebungkus sisan wae mbayare gampang,ngenteni gaji 13.
"Walah katone kok atimu padang to mak,dongaren.."semaure kang Gareng
"Sopo wonge sing ora seneng,sak iki akeh kafe pada ditutup jalaran manfaat karo mudlorate akeh mudlorote.Bojoku wis ora iso seneng-seneng ning kafe.ora keluyuran maneh,duit entek dicolongi terus kanggo nembang-nembang karo Pemandu Karaoke (PK).Sing tak jengkeli PK ne kuwi kok tanggane dewe,apa wong wedok ora mbedodog atine,"jare mak Cangik.
"Tanggane sampeyan sopo to mak?"pitakone Gareng sing durung mudeng.
"Kae lo sing jenenge Tarilem,ditari gelem...ning jenenge ning kafe diganti Putri sing kepanjangane dipangku karo antri...modar kowe sak iki.....malah wis kredit motor udug karo leasing...arep setoran opo yen kafene ditutup...karo opo...arep adol cawet sing dipeme nang pemeyan sing abag ijo ireng kae...modar kowe...."kandhane mak Cangik rada nesu amarga bojone sering digoda.
"Mak cangik yo ra sah nesu to mak..wis..yo ben..kuwi mung profesi.."semaure Gareng
"Ora nesu ndasmu....jajal kowe yen dadi wong wedok..yen bojomu digoda piye larane ati...terus duite digrogoti...njaluk pulsa,njaluk cincin,njaluk klambi anyar,njaluk cawet,njaluk dibayari kredite motor...apa wong wedok ning umah ora lara?Paling paling upahe moh ngesun thok....dobolll...dobolll....."mak cangik katon munjuk emosine.
"Yen PK-PK mlayu ono kutho liya pie mak...?"pitakone kang Gareng
"Kuwi tergantung bupati lan aturane piye..yen iso PK-PK mau ojo entuk...ngrusak thok isine...pokoke bojoku arep tak rante sikile,tak gembok,tak kongkon sarungan thok...ora usah nggango cawet...ben kondor lah gene,"semaure mak Cangik.
Wong loro ana warung pada diskusi,cocote Gareng disesele tape goreng terus...mbuh itunge ping pira,mak Cangik ora ndelengna.
Bagong sing nembe sarungan rada kumel teko ana warung kopine mak Cangik,dongaren ora let sedelok yu Limbuk sing nembe saka blanja uga teko.
"Wah berduaan nih ye...???"kang Gareng gasaki bocah loro sing apada ora ngerti jawane.
"Berduaan wadukwu njebluk.....aku nembe saka pasar...embuh kuwi kang Bagong saka endi ra ngerti aku kang..."jawabe yu Limbuk rada mutung atine.
"Mulane dadi wong ora usah suudzon kang Gareng...Limbuk kuwi kang prawan kisut...mosok aku demen...tak u`uk lah yao,"jawabe Bagong sok gembagus.
"Kisut-kisut ngene iki kang ora kalah karo PK-PK semua serba fres...bisa wong lanang terngeok-ngeok,"semaure yu Limbuk
"Terngeok-ngeok pie,cawetmu sing dikentheri nang pemean kae wae ora tau disabun mulane warnane kulu-kulu...ning toko yo ora ana wong dodol..."jawabe Bagong sak geleme.
"Minggat kabeh...ayo ojo pada rene..paling-paling utang thok...nyebel-nyebeli dagangan.."yu Limbuk muring-muring.
Gareng karo Bagong mung ndongblong terus metu saka warung pamitan yen utang disik.***

Keluarga Besar Wayang Ndugal
(SEMAR,GARENG,PETRUK,BAGONG,LIMBUK,CANGIK)

Karya Gus No

Mengucapkan

SELAMAT HARI ULANG TAHUN
BHAYANGKARA ke 64

Sukses Buat Korps Baret Coklat