Laman

Sabtu, 26 Juni 2010

Guyon Gus No Wayang Ndugal Dalam Lakon :

Ora Melu Urun Melu Royokan Jabatan

Semar,Gareng,Petruk,Bagong nembe wae mulih saka pisowanan agung.
Negari Tawangsari nembe wae ana ontran-ontran sing nggawe kuping panas,mula Sinuwun Kanjeng ngundang para pejabat BSKPD (Bukan Satuan Kerja Penerima Dana ) lan para BKabag (Bukan Kepala Bagian Garingan) kanggo ngudari pageblug nang negari.
Bagong sing terkenal ndlowor ora tau nyantelan uteke milih ora mulih ning omah,nanging mampir disik golek kopi lelet karo njawili PK (pengaduk kopi).
Dasar Bagong,wong sing ora bagus senengane ngiler nanging pinter ngrayune,ndelok pupune yu Limbuk sing lus mulus mripate katon ora kedip.
Rasane hawane ser-seran pengin nubruk,pengin....wis pokoke dunia milik kita dech.......
Kang Gareng sing dipercaya karo bendhara kraton uga melu mampir nang warunge yu Limbuk karo gawa bontotan,isine sego sambel karo iwak gerih sing rada asin.
"Wis..wis...jamane wis berubah kabeh Gong....awak dewe sing melu rekoso..awak dewe sing melu dadi tim sukses,isih wae rekoso,malah sing ora melu-melu lan cawe-cawe ndukung bossse malah diwenei proyek,diwenei duwit...dadi wong cilik yo koyo ngene iki Gong,"kandhane Gareng karo nggremeng.
"Ono opo to kang..ra sah dipikir dowo mundak cepet tuwo,wong pemilu yo wis rampung,tugase awak-awak dewe iki yo mung semono wae,"semaure Bagong karo ngeleg idu ndelok kotange yu Limbuk sing warnane kulu-kulu keno angus pawon.
"Kowe ngarti ora beberapa pejabat seselon dua dan tiga sudah meminta jabatan ini dan itu,malah jabatan sing basah-basah uga wis dipesen.Padahal mereka semua itu tidak ada kontribusinya kepada Kanjeng Sinuhun.Dijaluki duwit kanggo acara ini dan itu saja tidak keluar dengan alasan netralitas,tidak ikut-ikutan politik,tidak punya hak pilih karena KTP luar kota.Kuwi pejabat cap opoooooo......"jare Gareng karo nuding-nuding lan abang raine.
"Lhah.....kuwi mono jenenge pejabat ceng-ceng po,ketika Kanjeng Sinuhun dihujat melalui tempelan-tenpelan poto kopi koran nang warung-warung pejabate kuwi yo mok meneng thok.Wedi rekoso ning pengin donya,bener apa ora kang,"pitakone Bagong karo mangan srabi sing wis mambu sak ithik.
Yu Limbuk melu ngrongokake apa sing dadi lakon ana mingu-minggu iki,saben dino ana wae sing dadi isyu hangat.
"Politik kuwi bengis kang,sopo wae sing ora melu urun banda donya,pemikiran lan tenaga yo kudune trima ing pandum,aja melu ngrayah jabatan.Kosok baline,sopo wonge sing melu cawe-cawe wis mesti entuk upahe,malah akeh sing melu nyambut gawe malah tetep dadi kere,"Yu Limbuk melu urun rembug.
Naliko warunge yu Limbuk isih akeh wong pada dongengan,Petruk sing nganggo kaca mata ireng katon sempoyangan.
"Kowe kok sempoyongan mendem po pie Truk?"takone Gareng.
"Ora mendem pie,aku ora entuk proyek,malah proyeke tetep diwenehna karo tokoh biyen-biyen sing wektu kepungkur malah mungsuhi bosse dewe.Dolan nang BSKPD,jarene ora ana duwit...modar aku kang....padahal PK nang Kafe njaluk ditukokake wedak tabur..pie iki solusine,"kandhane Petruk.
"Wong kowe kuwi wong kere ning gayamu koyo wong sugih lan pangkat,nanging akeh juga pejabat kaya raya macak kere,sok medit,jadam,gambir pamotan,pahit gitu loohhhh.Mulane ora usah dolanan PK sedelok maneh kafe-kafe ditutup,PK-PK pada mlayu golek gawean.Kowe kudu golek gawean yen pengen mangan selak kedisikan PK,ngarti ora Truk,"pituture Gareng.
"Mula sak iki pada ditata sing bener,negara ditata maneh,sing ora duwe kepinteran minggir saka pagawean tehnis,tukang insinyur pertanian yo ning pertanian,insinyur tambang ojo dideleh nang perikanan,malah mati lan isine mung watuk-watuk thok,pejabat sing wis tuwo-tuwo yo podo njaluk pensiun wae utawa njaluk nang staff ahli...kepenak to,mulo ayo diskusi karo Romo Semar,ben mengko ditata sopo sing pantes njabat ana ning Dinas,Bagian lan Kantor nyengkuyung karo program Kanjeng Sinuhun,"jare Gareng....
Gareng lan Petruk metu saka warunge Limbuk....
"Ehhh...wis pada mbayar apa durung kok metu sak karepe dewe..?"pitakone Yu Limbuk
"Sorry...hari ini saya hutang dulu...nanti kalau dapat uang pengganti keplek tak bayar,"jawabe Gareng sak kenane
"Suuk.......!!!!!......dasar wedus...suuuk...!!!!"Limbuk ngantonake emosine...........
"