Laman

Minggu, 20 Juni 2010

Guyon Gus No Dalam Wayang Ndugal dengan Judul :

Oknum Anggota DPR Matre ?

Negari Tawangsari sing maune mung gersang (dudu seger merangsang) sak iki dadi moncer,gemah ripah loh jinawi,tata tentrem kerta raharjo sebab biyene negari Tawangsari dicekel karo raja bengis tur medit,akeh dikorupsi karo para cantrike amarga rajane dudu asli negari Tawangsari.Nalika ana pilihan raja maneh,putra daerah sing asale saka Tawangsari maju mencalon kan diri,tanding karo incumbent.Jebule incumbent tumbang malah kabare arep mlebu penjara amarga korupsi duit.

Salah sjijne Pedukuhan yoiku Genengrejo,ana Punakawan sing senengane aweh kritik tumrap bendoro-bendorone nalika bendorone nyimpang saka pakem kang diatur undang-undang negari wayang.
Semar,Gareng,Petruk,Bagong,Limbuk uga mak Cangik.
Gareng njagong ana dingklike warunge yu Limbuk karo pesen kopi lelet,nanging yu Limbuk ora nyediakna PK (Pelayan Kopi) sing ayu tur genit (gede punya magnit) amarga yu Limbuk yo biso dienggo PK dewe.
"Kopine diwenei susu apa ora kang Gereng"pitakone yu Limbuk karo mripate kedep-kedep niru PK sing ana cafe.
"Ora usah yu,nembe angel golek duit.Jamane wis tuwa,cilik gede pada rayahan golek duit,emboh kuwi duit haram utawa halan podo angele,"semaure Gareng karo ting we (nglinting dewe) udute saka bako Temanggung (dudu temabangan ning duwur panggung).
"kayane praupanmu kok surem to kang...?"pitakone yu Limbuk maneh.
"Ngene lho yu...pilihan legeislatif nembe wae bubar...aku yo duwe pilihan jago sing tak pilih biyen,sak iki aku mung nyagerna apa janjine wakil rakyat biyen,gembar-gembor ora karu-karuan.Endi buktine...??"jarene Gareng karo udute diemut.
"Aku krungu isyu santer sing tak saring-saring,gaweane kanca-kanca DPR sing jare wakile rakyat isine mung rapat-rapat terus,nglencer nang njobo kutha jarene yo kunjungan kerja,terus sing anyar setiap arep rapat paripurna malah isyu sing angel dipertanggung jawabkan,ada oknum DPR sing njaluk duit kesel.Wah iki lak wis nyimpang saka paugeran to,mula awake dewe iki sing milih,"gremenge Gareng karo ngedumel.
Petruk sing nembe teko ana warunge yu Limbuk malah nyaut omongane Gareng mau.
"Wah yen wakil rakyat dunia wayang kaya mengkone,kudu direformasi ae kang Gareng,diturunkan saja,"semaure Petruk sok bergaya aktivis.
"Ngene lho truk....kerjane anggota DPR kuwi kudu diawasi oleh rakyat,sebab awake dewe iki sing milih.Akeh kanca-kanca sing mripate "merem"lali karo jaman biyene dadi kere.Sak iki wis kepenak lungguh kursi,setiap tanggal enom nyorek bayaran.Kuwi duite rakyat juga.Mula setiap sidang paripurna awake dewe usul karo bendoro-bendoro nang duwur kono ojo menehi duit setiap rapat paripurna.Embuh kuwi penetapan Raperda,apa retribusi daerah.Kembalikan uang rakyat ke rakyat,"kandhane Gareng karo cocote mucu-mucu mangan tape goreng,Rondo royal.
"Apa ana wakil rakyat kuwi sing matre to kang ?"takone yu Limbuk karo ngunjukake kotange sing nutupi dadane.
"Yen wakil rakyat mestine ae yo apik-apik,ning oknum-oknume iki sing kudu diberantas,diaudit duwite asale soko endi.Ben ora ketularan Gayus,"jare Gareng.
"Sing main proyek apa yo ana kang?"takone Limbuk maneh
"Akeh yu...ning ora ketoro,"kandhane Gareng cekak aos.
"Sing doyan wedokan apa yo ana kang..?? Aku yo gelem didadekno simpenane,"jare Limbuk karo nyincing jarite amarga nembe ngesok banyu wedang nang tremos.
"Oknum yo mesti ana to yu..nanging yen ngerti raimu elek koyo wewe yo pada ora gelem,wedi.....!!!!"kandhane Gareng sing rodo sengak.
Yu Limbuk sing krungu omongane nggatelna kuping malah semaur atos tape ketan
"Raimu yo elek ning ojo ngenyek....goyanganku karo wewe PK cafe ora kalah yahut kang...wewe..wewe kae isine mung ngemos ngrimuk donya...isine nggoda rumah tangga...yen aku kan ora.."jare Limbuk.
"Wis...wis ora usah padu..ora usah tukaran.......ojo ngrasani tumrap liyan...yen ana oknum sopo bae sing salah yo ditegur ojo dijarno thok...mulo sesuk esuk..bareng-bareng nang pendpo agung,sowan karo bendoro..laporno apa sing dadi kekarepane rakyat.