Laman

Jumat, 02 Juli 2010

Guyon Gus No Wayang Ndugal Dalam Lakon :

Pejabate Pada Setor Rai


Togog buto sing bodo ila-ilo kaya kebo wis 4 tahun ora ganti jabatan,amarga deweke pinter ngopeni atasan.Apa maneh yen ana proyek,20 % fee siap disetorkan buat atasan.Senajan goblog,Togog kuwi uga pinter setor rai,setiap ana acara kadipaten,Togog mesthi katon,walaupun mung sedelok.
Dina iku Togog rada bingung sebab berdasarkan aturan dari Menteri Pendayaan Aparatur Negara Wayang,suatu jabatan Tehnis harus diduduki oleh orang yang punya sertifikasi keahlian,dan itu harus dikonsultasikan ke gubernur wayang.
"Modar aku...yen aku ra iso linggih ning Dinas Banyu,mboh piye nasibe anak bojoku,amarga wis pirang-pirang tahun,anak bojo serba keturutan,"nggremenge Togog.
Amarga pikirane judeg,Togog sowan ning padepokane Rama Semar ana padukuhan Genegrejo.

"Assalamu`alaikum.....Rama Semar inggih kyai Bodronoyo napa wonten ndalem,"pitakone Togog.
Kang Gareng sing dadi cantrik ono padepokan langsung nyaut salame Togog,buto goblog ra tau sholat ning sok suci.
"Waalaikum Salam...eeeaaalah...dulur lanang kang Togog jebule...ayo pinarak..Rama Semar nembe mulang ngaji kalih para santri,"semaure Gareng.
Wong loro pada gayeng anggone omong-omongan cap dobol-dobolan.Togog umuke selangit,Gareng yo ngimbangi umuke sak duwure langit.
Gareng ngundang rewange ana mburi,kon gaweake wedang.Ning rewange dibisiki yen tamune kuwi ora gelem ngombe wedang manis,amarga kena penyakit gulo,prentahe wedange diwenei uyah wae.
Pembantune sing jenenge Siti Ipat Ipit Ipatinah terus njrantal,godog banyu wedang kopi.
"Piye pawartamu karo keluargamu kang Togog,"takone Gareng karo nglinting udut bako.
"Apik kang...malah anaku arep njaluk kuliah tahun iki,mulane aku arep nyuwun sembure Ki Bodronoyo.Sebab Bendhara kadipaten arep ngrombak nayakane praja,termasuk Dinas Perbanyuan.Aku rak yo bingung to kang Gareng,amarga aku tahun iki arep butuh duwit akeh kanggo biaya sekolah,"rembuge Togog.
"Ngene wae...kowe kang pinter adol rai karo bendaramu,wenei duwit sing rada akeh,mesti kowe ora digeser.Sik...sik..sikkk...kowe pada saat digelar pilihan bupati wayang dukung sing dadi iki apa ora?"pitakone Gareng karo rada bisik-bisik.
"Lhah...kuwi kang sing dadi ganjelan...pada saat incumbent nyalon aku bingung sebab dulurku dewe yo melu njago,malah aku dipernah-pernahake soal proyek tahun lalu,saiki aku ra yo mbales budi to kang.."jare Tpgog terus terang.
"Kuwi lak goblogmu dewe,incumbent kuwi putra daerah sing duwe duwit,duwe kekuasaan,akeh programe sing kasil,lha kok awakmu nyempal jarak?"kandhane Gareng.
"Terus aku kudu kepiye kang Gareng?"takone Togog karo lesu pucet
"Donyamu isih opo ora..?"takone Gareng gayane koyo wartawan bodrek
"Walah kang..aku kuwi kena goda,untung wae rumag tanggaku ora kocar kacir,aku seneng wewe Pemandu Karaoke terus digrogoti duwitku.Opo maneh ngundange aku ning HP kuwi nganggo celukan "PAPI"modar aku kang klepek-klepek.Papi..minta pulsa ya..papi minta baju ya...buatin toko ya pi...koyo ngono saben dina,sing tak enggo yo terpaksa duwit proyek,"jawabe Togog terus terang.
"Ngene lo kang Togog,sing wingi pejabat lan nayakane projo sing bener-bener grewangi pilihan bupati wae belum tentu dapat jabatan,opo maneh ente sing ora ngrewangi.Nanging akeh ugo pejabat sing mung ita-itu karo nyucak-nyucuk thok uga melu ngrebut jabatan.Pokoke sing kepengin jabatan teles alias basah bisa awet iku yo kudu pinter setor rai...setor rai...karo pinter..golekno angpo,"jawabe Gareng.
Mripate Togog diucek-ucek ngarti rewange kang Gareng sing jenenge Siti Ipat Ipit Ipatinah ngeterke wedang,opo maneh Siti nganggo celana ketat sing semriwing.Pupune katon lus mulus malah ana wulu-wulune kalong....wah Togog tambah arep nggeblag.
"Iki sopo to kang Gareng...kok praupane ayu tur kuning....??"takone Togog rada gumun.
"Iki mono pembantuku sing ngrewangi pakaryan mburi...ayu to...monggo wedange diunjuk.."Gareng nawani wedang.
Wedang kopi panas ora srantan diombe kang Togog karo mripate ndelokno bokong e Siti Ipat Ipit Ipatinah sing megal-megol koyo semongko hibryda.
"Waduh....panas kang...cocotku mbledos kang....apa maneh kok wedang ora ana gulane blas iki pie..."kang Togog bengak-bengok amarga wedang sing isih mongah-mongah diombe sak karepe dewe.
"Modar yo uwis..pejabat koyo kowe ben modar...karo atasene thok wae lomo,brah breh,ning karo anak yatim piatu,sumbangan mesjid,kegiatan sosial ra tau metu,"semaure Gareng.
"Suk...suuuukkkkk..."gremenge Togog karo ngluyur mulih.
Rama Semar mung ngguyu karo cekelan anduk...anake sing jenenge Gareng wis pinter mulang karo pejabat sing sekarat.