Laman

Minggu, 27 Juni 2010

Wayang Ndugal Guyon Gus No Dalam Lakon :

Adol Cocot

Bubar Sholat Ashar kang Gareng nesu,raine mangar-mangar katon abang mbranang,sebab aspirasi saka rakyat kang dituangaken kanthi cara Musyawarah Pembangunan Desa (Musbangdes) ora kasil nalika proposal digawa menyang anggota DPRW (Dewan Perwakilan Rakyat Wayang).
Dalan sing durung disentuh pembangunan terutama paving blok uga ora ana juntrunge.Kepala Camat uga ditekani Gareng,dana ADD lan dana pemerintah liyane wis pada medun naging dalan ning ngarepe umahe kang Gareng durung ditata kanthi becik.
Anggota DPRW sing gembar-gembor arep memperjuangkan aspirasi rakyat ternyata mung koyo tempe gembus,anyes ora ana rasane.
Rama Semar kang ana njero umah mung ngrungoake apa sing dadi metune uneg-uneg anak lanange,Semar mung mosam-mesem karo nonton tivi acara suami-suami takut PK.
"Lha iyo biyen calon-calon anggota DPRW nalika isih kampaye pada pating glembor,arep meperjuangkan in i dan itu.Saiki mung njiblek naliko rakyat lan para konstituen pada nagih janji.
Dana aspirasi saka anggota dewan kudune tepat sasaran yoiku melalui mekanisme yang ada sesuai dengan kebutuhan masyarakat,lha kok malah nyleneh nggugu sak karepe dewe.Ana kabar sing ora jelas sumbere,nalika anggota dewan entuk proyek aspirasi sing dicairkan sesuai proposal,wee..lha dalah.oknum-oknum wakil rakyat wayang kuwi malah njaluk fee karo rekanan sing arep nggarap gawean proyek.Terus yen dipotong ini dan itu metune duwit kari piro?Rakyate uman opo,"kandhane Gareng karo njaluk tanggape Petruk.
"Mulane milih anggota DPR Wayang kudu sing pinter lan teruji,ojo mung lamis thok.Mbiyen kuwi mung bandone cupet terus podo dolcot,"semaure Petruk.
"Apa kuwi dolcot nda"pitakone Gareng sing ora mudengan
"Adol Cocot su...!!!"Petruk nyemauri karo rada nesu.
Wong loro pada bengekerangan,amarga Petruk omongane rada atos nyemaurane.
Bagong sing IQ ne jeblok uga melu urun rembug
"Anggota DPR Wayang kuwi yen duwe kekarepan karo eksekutif yen ora dilayani terus nesu-nesu,gembor-gembor karo ngundang kanca hartawan...ehhh..salah..wartawan,terus ditulis,terus disiarna nang radio.Dadine eksekutif melu mumet.Yen wis diwenei apa sing dadi kekarepane terus njiblek karo nyanyi -nyanyi nang kamar mandi,"Jare Bagong.
"Dongaren ente kok pinter Gong..iso argumentasi barang...."jawabe Gareng.
"Ojo ngenyek kowe kang..elek-elek ngene yo nate mangan sekolahan lan sinau politik,"jawabe Bagong maneh.
Acara tipi suami-suami takut Pemandu Karaoke (PK) wis rampung,Rama Semar katon ayem atine nembe nonton sempol lus-mulus walaupun mung ning koco tipi.
"Wis ojo pada bengekarengan,jamane wis tuwo,kabeh nganggo aturan sing wis diundangkan oleh negara.Yen ning negara wayang kaya ngene iki yo nganggo undang-undang wayang,yen ning negara  Londo nganggo undang-undang negoro Londo.Mulane awake dewe iki rakyat kudu manut apa sing dadi dawuhe para bendhoro.Yen ana oknum DPR kang tindak tanduke nyimpang karo kahanan,Laporna nang Badan Kehormatan.Semono uga soal dana sing saka negara,awasi penggunaannya.laporkan kepada aparat hukum bila ada indikasi tindak pidana,"gayane Rama Semar sok diplomatik.
"Rama Semar sampeyan yen aweh pitutur jan marem,nanging sampeyan kalahe karo PK sing ayu-ayu....haa..haaa..haaa,"semaure Gareng karo metu saka umah.
"Dasar bocah gemblung...wong tuwo kok arep diwenei PK...wis ra iso opo-opo le...wis kari mambu lemah,"jawabe Semar karo mesem.
"Lhoh..Rama niku kan yuswone sampun sepuh ning ngisor udel yuswone nembe 20 tahun,"kandhane Bagong sak kecekele.
"Wis-wis kono ndang minggat kabeh...Rama arep ndelok artis sing mirip simakmu.."Rama Semar langsung mlebu kamar.
Petruk lan Bagong mung mringis ndelokno bapake sing mulai genit maneh.