Laman

Senin, 28 Juni 2010

Guyon Gus No Wayang Ndugal Dalam Lakon :

Nguntal Gaji 13

Urip ning negara wayang kuwi memang enak,tentrem,pikiran adem apa maneh sing dadi SPNS(Sanes Pegawai Nongkronge Sekesuk )soyo seneng,tiap tahun ana negara wayang mesthi ana para PNS nampa gaji 13,tiap lebaran ana duwit kupat,tiap akhir tahun nampa simpenan fee kegiatan proyek soko bendahara.
Dewe maneh yen ora pegawai isane mung utang bank thitil wae,sakiki utang sesuk wis dithitili mulane diarani bang thitil utawa bank thongol,sebab yen esuk wis thongal tongol nagihi utang.
Gareng nembe ngalamun,sore kuwi sajake rodo awake ora kepenak,arep njaluk kerokan wedi yen ora ngupahi,dadi isin.
Dongaren yu Limbuk,sing terkenal pahit,medit,gambir teka ana ing padepokan kang Gareng.
"Dongaren yu...janur gunung,sajake ana sing penting,warunge nembe tutup po piye?"takone kang Gareng
"yo`i..warunge tutup nembe mikir ponakanku sing arep mlebu sekolah,sesuk wis mulai pendaftaran.Iki ana gethuk goreng kang kanggo sampeyan,"jare Limbuk karo ngunjuake kotange sing mlorot.
"Podo wae yu...anakku yo arep mlebu SMA,aku nembe butuh angpo akeh,yen akeh gawean ngono yo ora popo,ning wulan iki nembe spei dadine aku bingung.Yen diganjar dadi PNS ngono aku yo seneng,tiap tahun ora mikir,"jawabe Gareng sak nyandhake.
"Awake dewe iki wis melu urun pajek,urun thetek bengek lha kok ora entu gaji 13 yo kang,sama-sama warga negara lha kok beda to?"pitakone yu Limbuk
"Gusti Allah iku Maha Agung lan Welas Asih marang umate,ojo kuatir yu....wong gaji 13 kuwi kanggo pegawai kraton,awake dewe iki mung gedibal.Gedibal kuwi manggone nang ngisor sandal,dadine yo paling ngisor.Ning ojo sumelang,rejeki kuwi yen disyukuri mesti akeh tambahane,"jare Gareng maneh.
"Yo`i......terus kepiye maneh kang,"
"Urip nang alam padang kuwi sing dijaluk cedak karo bendhara,cedak karo Pengeran artinya sopo wonge sing cedak karo bendhoro bakale mulyo uripe,sebab bisa njaluk proyek,bisa njaluk duwit,bisa mbodoni ana aspirasi rakyat,mulane sing cedak karo bos-bos kae yo podo kepenak uripe,cedak marang Pengeran kuwi bakale mulyo ning akherat nanging kudui wani lesu,wani melek artine gelem rekoso kanthi poso,sholat tengah wengi.Mesthi bakale yo mukti nang tembe mburine,"Jare Gareng koyo niroake ustad msuhola.
"yo`i...yen gaji 13 kuwi piye kang,"takone yu Limbuk makaping-kaping.
"Gaji 13 kuwi minangka hadiahe pamarentah.Pegawe saiki dewe karo biyen,saiki umahe apik-apik,isine yo mewah-mewah nanging pada wani utang ning bank,kendel ngunpetke proyek dibawah Rp 50 juta,nguntal pajek.Mulane yen nampa gaji 13 ora akeh syukure karo Gusti yo pada wae nguntal gaji gendruwo,entek kanggo nyaur utang thok,"
"Yo`i....ana sing kanggo ngibing nang kafe apa ora kang karo demenan PK..?"
"Yo`a--yo`i wae....gaji 13 akeh sing kanggo seneng-seneng,ora mung nang kafe malah akeh sing kanggo golek wewe alias wedokan sing menor-menor karo bokonge sing gede-gede.Yo mung suwengi thok gaji 13 ana ning tangan.Yen konangan karo bojone alasane macem-macem,"jare Gareng karo ngombe kopi jahe
"Yo`i...aku tak melu njaring dadi wewe wae pie kang?"takone Limbuk sok konsultasi.
"Ndasmu krewak....rai ora nggadeg...bodi ora nggambar kok macem-macem"Gareng rodo nesu.
"Wah..ojo emosi to kang..suka-suka gue dong...gue kan masih single gak ade yang nglarang oooiii"jare Limbuk rodo ngece.
"Karepmu.......!!!!!!!!!"