Laman

Selasa, 09 Maret 2010

Guyon Gus No : Dalam Judul Calon Bupati Ceng-Ceng Po


Kadipaten KarangMlongo geger.....ana calon bupati sing cacahe enem arep melu tanding nderek sayembara ngrebut kursi empuk nang dalem kraton.
Enem calon kuwi rata-rata gagah perkasa awake lan piadege tur bagus kabeh, praupane ana sing nyambut gawene ning ndeso mandor bangunan,tukang luru godong ning alas,ana uga sing mung pengangguran jajal-jajal bae,ana sing dadi pengusaha,ana uga sing pernah dadi tukang dandan listrik.
Ing deso Karang Dempel uga lagi rame apa sing dadi isyu anget ning kuto Kadipaten Karang Mlongo.
Petruk lan Gareng lungguh kendangan dengkul nang warunge Yu Limbuk,karo nyruput kopi lelete.
Bagong kang nembe teka ana warunge Yu Limbuk ndadak takon karo kang Gareng.
"Reng...kira-kira sopo jagomu sing arep diunggulna nang sayembara bupati tahun iki?"pitakone Bagong karo nguntal tape goreng alias rondo royal sing serada panas.
"Aku ora mikir sing model-model Gong,sopo bae sing pinter ngopeni rakyate,ora gawe rekasa yo mesthi tak pilih,"kandhane Gareng sok idealis.
Petruk sing nembe nglinting rokok bako malah nimbrung melu urun rembug.
"Milih bupati kuwi gampang,yen calone ora ngegem kaya petinju alias medit alias jadam arab yo tetep tak pilih,apa maneh yen arep nyoblos aku diwenei duit kanggo ijol sedino ora nyambut gawe yo mesti bae sing tak dukung,"pituture Petruk karo nyumet udute.
"Lhooohhh...wong sing arep nyalon bupati mestine yo duwe duit akeh to kang,"pitakone Bagong karo cocote muncis-muncis.
"Durung tentu Gong..wong sing duwe kekarepan nyalon bupati,ana sing mung jajal-jajal thok,malah akeh sing pait,medite ora karu-karuan.Wedi yen donyane kalong.Masang gambar ae sing cilik-cilik malah dipoto kopi.Wahhh....njaluke ae menang,"kandhane Petruk maneh.
"Tanggaku kae sing arep nyalon bupati uga medit,malah ora tau metu wedang manis nalika didolani pecut lan wong-wonge,metu mung banyu putih sak kendi.Calon bupati dobol kae kang,"Yu Limbuk nyaut karo ngemut susure.
"Wong wedok kuwi ora usah melu-melu soal politik to Yu...yuuu..."Gareng uga nyaut.
"Ee...iki wis jamane emansipasi wanita kang,wanita uga sejajar karo kaum pria nang segala bidang.Raimu yen ndukung bupati kuwi ora usah dukung bupati ceng-ceng po to kang,"Yu Limbuk rada nesu karo mbenekake kotange sing arep mlorot.
"Apa maksudmu ceng-ceng po yuuu..,"Takone Gareng marang Limbuk.
"Ceng-ceng po kuwi,calon bupati sing ora duwe duwit sok idealis,medit,jadam arab lan ora gelem srawung karo kawulane,isine mung nyacat terus,"kandhane Limbuk mantep.
"Ooooo.........ngono to,"Gareng,Petruk,Bagong hampir bersamaan berkomentar.
"Wis saiki diitung jajanku dina iki,ning aku utang disik yo yuuu.."kandhane Bagong.
"Oooalaaaahhhh...dasar wong lanang kere,isine nang warung mung utang thok,kapan nyaur to kang Bagong?Mulane aku sing isih dadi rondo emoh arep mok pek bojo,arep mok pakani watu po pie...kana ndang merat sing adoh...kuwi yo wong lanang ceng-ceng po,wong lanag kaya ngono kok yo urip to?"kandhane Limbuk nyentak.
Petruk karo Gareng mung guyu kekelen.....ndelokake jarite yu Limbuk sing dicincing katon sempole sing ana kutile amarga nembe nesu karo Bagong sing sengene utang terus....haaa...haaaa..haaaa.(tamat)Nantikan edisi segar berikutnya....Silakan pasang Iklan dan anda boleh meminta lakon yang baru ngetren diminggu-minggu ini baik lokal maupun nasional.