Ora Ngewangi Pilkada,Mbilung Terancam Dimutasi
Bendara kraton nembe wae bubar nganakake pasewakan agung,pejabat eselon 2,3,4 ana kadipaten ditimbali siji-siji,ditanting pada gelem nyambut gawe apa ora.
Semar Gareng Petruk Bagong sing dadi abdi dalem uga wis pada mulih ana padepokan Karangkadempel.
Nanging Gareng sing duwe uteg rada cerdas malah mlebu ana warunge yu Limbuk amarga wetenge krasa lesu,sebab nang acar pasewakan agung mung ngombe kopi pahit.
"Pie kang Gareng kabare pilkada tahun iki..?"takone yu Limbuk sing katon susune kewer-kewer karo mangan ketan anget-anget
"Pilkada adalah pertarungan harga diri,kabeh calon bupati rumongso gede sirahe,rumongso wis menang.Nanging ora ndelok fuluse ana apa ora kanggo nyanggoni pemilih mengkone,"kandhane Gareng karo pesen kopi manis.
Yu Limbuk langsung cangcut taliwondo,banyu panas ana tremos terus disokake bae,tangane terus ngudeg.
"Iki kang kopine diunjuk disik,"jare yu Limbuk karo ngunjukake jarite sing rada mlorot.
Krasa wedange iseh panas,kang Gareng mulai crita maneh.
"Tahun iki ana 5 kandidat sing arep melu royokan dadi bupati ana kadipaten,aku melu mumet mikirke bendaraku sing melu nyalon sebab pegawai negoro kraton sing maune munduk-munduk karo setor rai,saiki cocote pada mingkem.Yen ana proyek wae gelem mrana-mrene nanging nalika bendoro duwe hajat gede,duwit sing wis pada diuntali ora wani disumbangna.
Alesane macem-macem lah,ana sing kepengen netral,ana sing wedi,ana sing terang-terangan,ana sing umpetan,ana sing kupinge budeg lan sak liyane ngganggo sewu alesan,"critane Gareng.
Bagong sing nembe linggih ana dingklik dawa uga melu nyauri.
"Pilkada kuwi iso diarani pilihan rakyat,senajan kae-kae pegawe negara kraton,nanging tetep duwe hak politik,iki sebenare ujian kanggo pegawe sing durung duwe jabatan,ana kutho-kutho liya akeh pegawe sing melu arus gede,melu ngewangi pilkada.Mulane dadi pegawe kuwi kudu cerdas aja koyo kebo mung meneng thok,yen pas wetenge lesu ae mbengok banter-banteran,"kandhane Bagong.
"Yen ngono bojoko Wito Sumbing arep tak dadekna tim sukses ae yo kang,apa iso kang,"pitakone yu Limbuk sing cocote ambune badeg.
"Yo iso,bojomu ra duwe modal,nanging duwe semangat,iku sing perlu,pabiyantu pilkada dudu mung duwit,nanging iso donga,iso tenaga,"semaure Gareng.
"Lha kae,butho Mbilung arep dukung sopo kang?Butho Mbilung kan saiki dadi kepala Dinas,nanging duite pahit,ora tau sedekah,karo wong cilik senengane ngenyek,"pitakone Bagong marang Gareng.
"Butho Mbilung kayane pecical-pecicil thok,kae cocote bosok,isine mung setor rai karo bendoro,nanging medite kaya jadam,wong nang tangga-tanggane ae ora disenengi,apa maneh ning kantor,anak buahe wae sing dikongkong terus,duite ora metu.Kae pejabat dobol,"kandhane Gareng karo rada nesu.
"Yen kaya kuwi,suk yen bendoro menang pilkada,aku arep usul,butho Mbilung dadekake staff ahli ae,apa buwak ning daerah monyet ben rupane koyo kethek ogleng,"semaure Bagong.
Rama Semar karo Petruk sajake melu mlebu warung yu Limbuk,karo ngomong,saiki jamane wis demokrasi sing kepenak,aja pada ngrasani uwong.
"Awake dewe iki kan mung gedibal,saiki sing penting makaryo karo manembah Gusti,ayo saiki wis wanci sholat Ashar.Wis ora usah dipikir ana pejabat sing melu yo syukur ora melu yo ra papa.Program sing apik disengkuyung,mbangun negara sing bener,"pituture Semar.
Gareng karo Bagong mung mlongo,anake Rama Semar iki terus metu warung karo ngomong..
"Sory yuk Limbuk ane utang disik yo....?"jare Gareng
"Suuukkkk...utang kok digedek gedekna..ora duwe isin,ngono kok jare tim sukses...dobol...."semaure Limbuk karo ngguyu kekelen...*